semilir angin dalu sumripit roso ning ati
soyo nambahi roso kasmara iki
pirang-pirang bengi tansah tak enteni
nanging raono teko nugemi janjimu
padange rembulan sing ngancani sepiku
suwi ngenteni raono tekamu
pirang-pirang bengi mung tak sawang langit
nangis netes eluhku, geloning atiku
raono banyu sing nelesi ning pelataran
nanging mung udan janjimu nelesi atiku sing kasmaran
raono banyu sing nelesi mudun ning bumi
nanging mung udan janjimu sing deres gawe geloning ati
ojo mung paring janji, nganti kapan nyekso kangenku
nganti seprene raono tekamu